KHUTBAH JUMAT : Tawakal

SHARE

Tawakal

Ust.Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Mboten wonten tiyang gesang ing alam dunya punika ingkang bebas saking masalah. Sedaya manungsa ingkang tasih kagungan nyawa mesti kagungan masalah. Sanadyan badhe selak utawi mlajar, masalah tetep badhe dumugi dhateng tiyang gesang. Amargi masalah punika sandanganipun tiyang gesang saben dintenipun.

Ing Ndalem ngadepi masalah ingkang wajib kula lan panjenegan upadi inggih punika pitedah saking Dzat ingkang maringi masalah inggih punika Allah SWT. Amargi kalebet pertandha leresipun iman bilih tansaya kathah masalah andadosaken tansaya caket kaliyan Allah SWT. Mila kula lan panjenegan wajib ikhtiyar lan tawakal dhumateng Allah ing ndalem ngadepi sedaya masalah panggesangan. Ngendika Allah:

 فَإِذَاعَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللهِ إِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِينَ

“Mula menawa sira wus nduweni kekencengan niyat arep nindhakake sawiji perkara, supaya sira tawakal marang Allah. Sanyata Allah iku remen marang wong kang pada tawakal” (Ali Imran:159)

Jamah jumah rahimakumullah

Tawakal punika sanes pasrah, putus asa, nglokro, ananging tawakal punika nindhakaken ikhtiyar kanthi sumendhe lan sumarah marang Allah.

Miterat Ibnul-Qayyim, tawakal punika masrahaken kanthi golong gilig sedaya urusanipun dhumateng ingkang kagungan lan masrahaken dhiri dhateng Allah sasampunipun ikhtiyar.

Setunggal wekdal Rasulullah shalat asar wonten masjid Nabawi lajeng dumugi piyantun Madinah wonten majelisipun. Sahabat punika mandap saking untanipun lajeng lumebet wonten majelis tanpa naleni untanipun wonten njawi masjid. Rasul banjur mundut pirsa: “fulan kenapa untamu ora sira taleni ?” sahabat kasebat matur: “kula sampun tawakal dhateng Allah wahai rasul ”. Rasulullah paring dhawuh: ”talenana untanira banjur tawakala marang Allah”. (HR. Tirmidzi).

Jamah jumah rahimakumullah

Tawakal punika badhe nuwuhaken katah kesaenan ing panggesangan kula lan panjenengan kadosdene:

  1. Tiyang ingkang tawakal badhe pikantuk kanikmatan donya lan akhirat

Ngendika Allah SWT :

وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً ۗوَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَۙ الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ

“Wong kang hijrah karana Allah sawise dheweke  dizalimi, mesthi Ingsun bakal maringi papan kang becik ing donya. Ganjaran ing akhirat mesthi luwih agung, saumpama dheweke padha mangerti, (yaiku) wong-wong kang sabar lan mung marang Pangeran dheweke padha tawakal”. (An Nahl :41-42)

 

  1. Tiyang ingkang tawakal badhe dipun tresnani Allah.

Sumarah lan sumendhe marang Allah sasampunipun ikhtiyar badhe ndumugiaken tresnanipun Allah. Ngendika Allah:

اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ

Sanyata Allah iku remen marang wong kang pada tawakal” (Ali Imran:159)

Jamah jumah rahimakumullah

Akhiripun sumangga kula lan panjenengan tansah sumarah dhumateng Allah ing samukawis punapa kemawon, mugi Allah tansah paring iman, hidayah lan taufiq satemah kula lan panjenengan saget istiqamah lumamapah wonten margi ingkang dipun tresnani Allah SWT. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ  

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined variable: content

Filename: muhammadiyah/index.php

Line Number: 323

Backtrace:

File: /home/karz4367/public_html/muhammadiyah/index.php
Line: 323
Function: _error_handler

A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined variable: content

Filename: muhammadiyah/index.php

Line Number: 327

Backtrace:

File: /home/karz4367/public_html/muhammadiyah/index.php
Line: 327
Function: _error_handler

A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined variable: content

Filename: muhammadiyah/index.php

Line Number: 335

Backtrace:

File: /home/karz4367/public_html/muhammadiyah/index.php
Line: 335
Function: _error_handler

A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined variable: content

Filename: muhammadiyah/index.php

Line Number: 343

Backtrace:

File: /home/karz4367/public_html/muhammadiyah/index.php
Line: 343
Function: _error_handler

A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined variable: content

Filename: muhammadiyah/index.php

Line Number: 348

Backtrace:

File: /home/karz4367/public_html/muhammadiyah/index.php
Line: 348
Function: _error_handler

A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined variable: content

Filename: muhammadiyah/index.php

Line Number: 352

Backtrace:

File: /home/karz4367/public_html/muhammadiyah/index.php
Line: 352
Function: _error_handler