KHUTBAH JUMAT : KAUTAMAN SEDEKAH
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk Syukur dumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring kanikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebak ing kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Setunggal ibadah utama ingkang dipun dawuhaken islam inggih punika shadaqah. Tembung Shadaqah punika kapendet saking “shadaqa” ingkang artosipun: jujur, bener, maringi kanti ikhlas. Shadaqah saget katindakaken kanti punapa kemawon, saget kanti bandha, tenaga lan fikiran. Allah Ta’ala sampun paring dawuh wonten ing Al- Quran:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ أَنفِقُواْ مِمَّا رَزَقْنَاكُم
Artosipun: “He wong kang pada iman, sira infaka saka seperangan bandha kang wus ingsun paringake marang sira kabeh.” (QS. Al Baqarah: 254)
Jamah jumah rahimakumullah
Rasulullah SAW sampun njelasaken kautaman- kautaman shadaqah, kadosdene:
1. Shadaqah bukti keimanan.
Rasulullah SAW ngendika:
الصَّدَقَةُ بُرْهَانٌ
Artosipun: “ Shadaqah iku bukti (iman) kang nyata” (HR. Muslim)
2. Shadaqah iku panglebur dosa- dosa
Rasulullah SAW ngendika:
اَلصَّدَقَةُ تُطْفِئُ الْـخَطِيْئَةَ كَمَا يُطْفِئُ الْمَاءُ النَّارَ
Artosipun: “Shadaqah iku bisa nglebur kesalahan kaya dene banyu kang nglebur geni”. (HR. Ahmad lan Tirmidzi).
3. Shadaqah dalan tumuju surga.
Dipun riwayataken saking sahabat Aisyah bilih setunggal dinten wonten ibu- ibu miskin mbekta putri kalih, sowan wonten dalemipun Aisyah. Lajeng Aisyah maringi 3 butir kurma dhumateng si ibu. Si ibu lajeng maringaken saben setunggal kurma dumateng putrinipun. Nalikanipun si ibu bade ndahar kurma ingkang angka tiga kanyata putrinipun nyuwun malih, lajeng si ibu mbagi setunggal kurmanipun dados kalih bagiyan lajeng dipun paringaken dhumateng putri kekalih. Prastawa kasebat ndadosaken Aisyah ra gumun lajeng dipun criosaken dumateng kanjeng nabi. Kanjeng nabi lajeng ngendika:
إِنَّ اللهَ قَدْ أَوْجَبَ لَهَا بِهَا الْـجَنَّةَ أَوْ: أَعْتَقَهَا بِهَا مِنَ النَّارِ.
Artosipun: “saktemene Allah SWT temen wus netepake surga marang deweke kanti tumindake iku, utawa mbebasake soko neraka” (HR.Muslim).
4. Shadaqah sebab berkahipun bandha.
Allah SWT ngendika:
وَمَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهُ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
Artosipun:” …lan samubarang kang sira infakake, Mula Panjenengane Allah bakal paring gantine. Lan Panjenegane Allah becik- becike Pengeran kang Paring Rejeki.” (QS. Saba: 39).
5. Shadaqah obat penyakit jasmani
دَاوُوْا مَرْضَاكُمْ بِالصَّدَقَةِ.
Artosipun: “Pada obatana wong kang sakit saka sira kabeh kanti shadaqah.” (HR. Abu Syaikh).
Jamah jumah rahimakumullah
Mila kanti punika sumangga kula lan panjenengan tansah remen shadaqah. Mugi- mugi Allah Ta’ala tansah ndadosaken kita sedaya kawulanipun ingkang pinaringan kabegjan fiddunya wal akhirah. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ